-
Pangentasan 39:22-26Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
22 Terus, Bézalèl nggawé jubah tanpa lengen sing ditenun saka benang biru.+ Jubah kuwi dienggo ing njeroné éfod. 23 Pinggirané bolongan bagéan gulu ing jubah kuwi ditenun kaya bolongan bagéan gulu ing klambi perang bèn ora gampang suwèk. 24 Ing bagéan ngisor jubah kuwi, wong-wong kuwi nggawé hiasan sing bentuké buah delima saka benang biru, wol ungu, lan benang abang. 25 Terus, wong-wong kuwi nggawé loncèng saka emas murni ing antarané buah delima kuwi, ing sak ubengé jubah kuwi sing bagéan ngisor. 26 Buah delima lan loncèng kuwi dipasang selang-seling ing sak ubengé bagéan ngisor jubah tanpa lengen sing dienggo wektu nindakké tugas, kaya sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa.
-