-
Pangentasan 28:1-3Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
28 ”Kowé kudu ngundang* Harun+ kakangmu lan anak-anaké lanang,+ yaiku Nadab, Abihu,+ Èléazar, lan Itamar.+ Pisahna wong-wong kuwi saka antarané wong Israèl, bèn wong-wong kuwi isa dadi imam kanggo Aku.+ 2 Kowé kudu nggawé klambi imam* sing apik kanggo Harun kakangmu bèn dhèwèké dihormati.+ 3 Kowé kudu ngomong karo para ahli sing wis Tak wènèhi kawicaksanan,+ lan wong-wong kuwi kudu nggawé klambi sing nduduhké nèk Harun kuwi suci, bèn Harun isa dadi imam kanggo Aku.
-
-
Pangentasan 28:43Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
43 Harun lan anak-anaké lanang kudu nganggo celana kuwi wektu mlebu ing kémah pertemuan utawa wektu nyedhak ing mézbah kanggo nindakké tugasé ing panggonan suci, bèn wong-wong kuwi ora dosa lan mati. Harun lan keturunané* kudu sesuai karo peraturan iki nganti sakterusé.
-