-
Pangentasan 37:25-28Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
25 Dhèwèké nggawé mézbah dupa saka kayu akasia kanggo ngobong dupa.+ Bentuké kothak. Dawané sak hasta,* ambané sak hasta, lan dhuwuré rong hasta. Sungu-sunguné dadi siji karo mézbahé.+ 26 Dhèwèké nglapisi mézbah kuwi nganggo emas murni, yaiku ing bagéan ndhuwur, ing sak ubengé mézbah kuwi, lan ing sungu-sunguné. Dhèwèké ya nggawé bingkai emas ing sak ubengé mézbah bagéan ndhuwur. 27 Dhèwèké nggawé gelang emas sing dipasang ing ngisoré bingkai, lan gelang kuwi dipasang ing sisih kiwa lan tengené mézbah, saben pojokané kudu mbok pasangi gelang siji. Tongkat-tongkat kanggo ngusung mézbah dilebokké ing gelang kuwi. 28 Terus dhèwèké nggawé tongkat-tongkat saka kayu akasia, lan tongkat-tongkat kuwi dilapisi emas.
-