-
Kaimaman 16:18, 19Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
18 ”Bar kuwi, Harun kudu metu saka kono lan mara menyang mézbah+ sing ana ing ngarepé Yéhuwah lan nggawé mézbah kuwi suci. Harun kudu njupuk sebagéan getihé sapi lanang lan getihé kambing kuwi, terus ngolèské kuwi ing sungu-sungu sing ana ing mézbah. 19 Nganggo drijiné, Harun ya kudu nyipratké sebagéan getih kuwi ing mézbah nganti ping pitu bèn mézbah kuwi dadi suci lan ora dadi najis merga tumindaké wong Israèl.
-