-
Kaimaman 6:4, 5Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
4 Nèk wong kuwi pancèn nindakké kuwi lan kebukti salah, wong kuwi kudu mbalèkké sing wis dicolong, sing wis dirampas, sing wis dipercayakké marang wong kuwi, barang ilang sing ditemokké, 5 utawa keuntungan sing dihasilké merga wong kuwi wis nggawé sumpah palsu. Wong kuwi ya kudu mènèhi ganti rugi sing persis padha,+ ditambah 20 persèn saka ganti rugi mau. Kuwi kabèh kudu diwènèhké marang sing nduwé barang mau pas wong kuwi kebukti salah.
-
-
Kaimaman 22:14Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
14 ”’Wong sing ora sengaja mangan perkara suci kudu mènèhi ganti rugi marang imam ditambah 20 persèn saka ganti rugi kuwi.+
-
-
Wilangan 5:6, 7Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
6 ”Kowé kudu kandha marang wong Israèl, ’Nèk ana wong lanang utawa wong wédok nindakké dosa lan ora setya marang Yéhuwah, wong kuwi kudu tanggung jawab merga tumindaké.+ 7 Dhèwèké* kudu ngakoni dosané*+ lan mènèhi ganti rugi sing nilainé persis padha karo kesalahané ditambah 20 persèn saka nilai kuwi.+ Kuwi kabèh kudu diwènèhké marang wong sing dirugèkké.
-