-
Pangentasan 29:1, 2Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
29 ”Iki sing kudu mbok tindakké bèn Harun lan anak-anaké suci, bèn wong-wong kuwi isa dadi imam kanggo Aku: Kowé kudu njupuk sapi lanang enom siji, domba lanang loro sing séhat,+ 2 roti tanpa ragi, roti tanpa ragi sing bentuké kaya gelang sing dicampur minyak,+ lan roti tipis sing diolèsi minyak. Kabèh roti kuwi kudu mbok gawé saka tepung gandum sing alus.
-
-
Pangentasan 29:40, 41Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
40 Wektu kowé ngorbanké domba lanang sing pertama, kowé kudu mènèhi persembahan sepersepuluh éfa* tepung alus sing dicampur karo seprapat hin* minyak zaitun, lan kowé ya kudu mènèhi persembahan minuman, yaiku seprapat hin anggur. 41 Pas wis arep bengi,* kowé kudu ngorbanké domba lanang sing sijiné lan persembahan minuman lan tepung saka biji-bijian, padha karo persembahan pas ésuk. Kabèh kuwi kudu mbok obong dadi persembahan kanggo Yéhuwah, sing ambuné nggawé Dhèwèké seneng.
-