-
Kaimaman 5:6Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
6 Dhèwèké ya kudu mènèhké persembahan kesalahan marang Yéhuwah kanggo dosa sing ditindakké.+ Sing diwènèhké yaiku domba wédok siji utawa kambing wédok enom dadi persembahan dosa, terus para imam bakal njaluk marang Gusti Allah bèn dosané wong kuwi diapura.
-
-
Kaimaman 6:6Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
6 Sakliyané kuwi, wong kuwi kudu nggawa persembahan kesalahan marang Yéhuwah yaiku domba lanang siji sing séhat saka ternaké.+ Regané domba kuwi kudu padha karo rega sing wis ditentokké imam. Persembahan kuwi kudu diwènèhké marang imam.
-
-
Kaimaman 14:2Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
2 ”Iki hukum sing kudu ditindakké wong sing kena kusta wektu wong kuwi ngadhep imam,+ yaiku wektu imam arep netepké nèk wong kuwi ora najis manèh.
-
-
Kaimaman 19:20, 21Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
20 ”’Nèk ana wong lanang sing nindakké hubungan sèks karo wong wédok, padahal wong wédok kuwi budhak sing arep didadèkké bojoné wong lanang liya lan durung ditebus utawa dibébaské, wong loro kuwi kudu dihukum. Ning, wong loro kuwi aja dipatèni merga wong wédok kuwi durung dibébaské. 21 Wong lanang kuwi kudu nggawa domba lanang siji menyang lawang kémah pertemuan kanggo persembahan kesalahan marang Yéhuwah.+
-
-
Wilangan 6:12Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
12 Wong kuwi kudu mulai manèh dadi wong Nazir kanggo Yéhuwah lan kudu nggawa domba lanang siji sing umuré setaun utawa kurang dadi persembahan kesalahan. Dina-dina sing wis dilakoni bakal dianggep batal merga dhèwèké wis nggawé awaké dadi najis pas dhèwèké dadi wong Nazir.
-