-
Kaimaman 3:3-5Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
3 Sebagéan saka korban kerukunan* kuwi bakal diwènèhké dadi persembahan sing diobong nganggo geni kanggo Yéhuwah,+ yaiku gajih+ sing nutupi usus, gajih sing nèmplèk ing usus, 4 lan ginjal loro cedhak pinggang sak gajihé. Gajih sing ana ing atiné ya dijupuk bareng karo ginjal mau.+ 5 Anak-anaké lanang Harun kudu ngobong kuwi kabèh ing ndhuwuré persembahan bakaran sing lagi dibakar ing ndhuwuré kayu ing mézbah.+ Kuwi sing disebut persembahan sing diobong nganggo geni sing ambuné nggawé Yéhuwah seneng.+
-