-
Kaimaman 8:26Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
26 Terus, dhèwèké njupuk roti tanpa ragi sing bentuké kaya gelang siji, roti sing bentuké kaya gelang lan dicampur minyak siji,+ lan roti tipis siji saka kranjang sing isiné roti tanpa ragi sing ana ing ngarepé Yéhuwah.+ Musa ndèlèhké kuwi kabèh ing ndhuwur sikil tengen lan potongan-potongan gajihé domba mau.
-
-
Kaimaman 8:28Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
28 Musa njupuk kuwi saka tangané wong-wong kuwi lan ngobong kuwi ing mézbah ing ndhuwuré persembahan bakaran. Kuwi kabèh korban sing diwènèhké wektu nglantik imam sing ambuné nggawé Gusti Allah seneng. Kuwi persembahan sing diobong nganggo geni kanggo Yéhuwah.
-
-
Wilangan 6:13Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
13 ”’Iki hukum soal wong Nazir: Nèk wong kuwi wis rampung netepi janjiné dadi wong Nazir,+ dhèwèké bakal digawa menyang lawang kémah pertemuan.
-
-
Wilangan 6:19Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
19 Terus, imam kudu njupuk bagéan pupu ngarep saka domba lanang sing wis digodhog,+ roti tanpa ragi sing bentuké kaya gelang siji, lan roti tipis tanpa ragi siji. Terus, imam kudu ndèlèhké kuwi kabèh ing tlapak tangané wong Nazir kuwi sakwisé wong kuwi nyukur tandha sing nduduhké nèk dhèwèké kuwi wong Nazir.
-