-
Pangentasan 29:10-14Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
10 ”Kowé kudu nggawa sapi lanang mau ing ngarepé kémah pertemuan. Harun lan anak-anaké lanang kudu ndèlèhké tangané ing endhasé sapi kuwi.+ 11 Belèhen sapi kuwi ing ngarepé Yéhuwah, ing lawangé kémah pertemuan.+ 12 Jupuken getihé sithik waé nganggo drijimu, terus olèsna ing sungu-sunguné mézbah.+ Turahané getih kuwi kudu mbok esokké ing mézbah bagéan ngisor.+ 13 Terus, jupuken kabèh gajih+ sing nutupi ususé sapi kuwi, gajih sing ana ing atiné, lan ginjalé loro sak gajihé. Kuwi kabèh kudu mbok obong ing mézbah bèn asapé munggah.+ 14 Ning, daging, kulit, lan telèké sapi kuwi kudu mbok obong ing njaba perkémahan. Kuwi persembahan dosa.
-
-
Kaimaman 4:3, 4Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
3 ”’Nèk imam+ sing dipilih* nindakké dosa+ lan nggawé wong sak bangsa dadi dosa, dhèwèké kudu mènèhké sapi lanang enom siji sing séhat marang Yéhuwah dadi persembahan dosa kanggo dosané kuwi.+ 4 Dhèwèké kudu nggawa sapi kuwi menyang lawangé kémah pertemuan+ ing ngarepé Yéhuwah lan ndèlèhké tangané ing endhasé sapi kuwi, terus mbelèh sapi kuwi ing ngarepé Yéhuwah.+
-