-
Pangentasan 29:22-25Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
22 ”Terus, kowé kudu njupuk gajihé domba kuwi, yaiku gajih sing ana ing buntuté, gajih sing nutupi ususé, gajih sing ana ing atiné,+ ginjalé loro sak gajihé, lan sikilé tengen. Kuwi domba sing dikorbanké wektu nglantik imam.+ 23 Kowé ya kudu njupuk roti-roti tanpa ragi saka kranjang sing ana ing ngarepé Yéhuwah, yaiku roti bunder siji, roti sing bentuké kaya gelang sing diolèsi minyak cacahé siji, lan roti tipis siji. 24 Dèlèhna kabèh roti kuwi ing tangané Harun lan anak-anaké, terus kuwi kudu mbok ayun-ayun dadi persembahan sing diayun-ayun ing ngarepé Yéhuwah. 25 Terus, kowé kudu njupuk kabèh kuwi saka tangané Harun lan ngobong kuwi ing mézbah, ing ndhuwuré persembahan bakaran. Kuwi persembahan sing diobong kanggo Yéhuwah, sing ambuné nggawé Yéhuwah seneng.
-