-
Pangentasan 29:26, 27Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
26 ”Bar kuwi, jupuken bagéan dhadhané domba sing dikorbanké wektu Harun dilantik dadi imam.+ Kuwi kudu mbok ayun-ayun dadi persembahan sing diayun-ayun ing ngarepé Yéhuwah, lan kuwi bakal dadi bagéanmu. 27 Bagéan-bagéan saka domba lanang sing dikorbanké kanggo nglantik Harun lan anak-anaké dadi imam+ kudu mbok gawé suci, yaiku bagéan dhadha saka domba sing dikorbanké dadi persembahan sing diayun-ayun lan sikilé domba sing dadi persembahan suci kuwi.
-
-
Kaimaman 7:34, 35Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
34 Saka korban kerukunan* sing mbok wènèhké, Harun lan anak-anaké lanang Tak wènèhi bagéan dhadha saka persembahan sing diayun-ayun mau lan sikil tengen, yaiku bagéan sing suci. Wong Israèl kudu manut peraturan iki nganti sakterusé.+
35 ”’Kuwi bagéané Harun lan anak-anaké lanang saka persembahan sing diobong nganggo geni kanggo Yéhuwah wektu Harun lan anak-anaké lanang dilantik dadi imam kanggo Yéhuwah.+
-