-
Kaimaman 2:2Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
2 Terus, gawanen kuwi marang anak-anaké Harun, yaiku para imam. Imam bakal njupuk tepung alus sak gegem sing wis dicampur minyak karo kabèh menyané mau, terus ngobong kuwi kabèh ing ndhuwur mézbah. Kuwi kanggo ngélingké Gusti Allah nèk kabèh kuwi wis diwènèhké dadi persembahan.+ Kuwi persembahan sing diobong nganggo geni sing ambuné nggawé Yéhuwah seneng.
-
-
Kaimaman 5:11, 12Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
11 ”’Nèk ora isa mènèhké manuk derkuku loro utawa dara sing isih enom loro, dhèwèké kudu nggawa sepersepuluh éfa*+ tepung alus dadi persembahan dosa. Tepung kuwi aja dicampur minyak utawa diwènèhi menyan ing ndhuwuré merga kuwi persembahan dosa. 12 Dhèwèké kudu nggawa tepung kuwi marang imam. Imam bakal njupuk tepung alus sak gegem kanggo ngélingké Gusti Allah nèk kabèh kuwi wis diwènèhké dadi persembahan. Terus, kuwi diobong ing mézbah ing ndhuwuré persembahan sing diobong nganggo geni kanggo Yéhuwah. Kuwi sing disebut persembahan dosa.
-