-
Pangentasan 29:38-41Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
38 ”Saben dina, kowé kudu ngorbanké domba lanang loro sing umuré setaun dadi persembahan ing mézbah.+ 39 Domba lanang sing siji kudu mbok korbanké ésuk-ésuk, lan domba lanang sijiné kudu mbok korbanké pas wis arep bengi.*+ 40 Wektu kowé ngorbanké domba lanang sing pertama, kowé kudu mènèhi persembahan sepersepuluh éfa* tepung alus sing dicampur karo seprapat hin* minyak zaitun, lan kowé ya kudu mènèhi persembahan minuman, yaiku seprapat hin anggur. 41 Pas wis arep bengi,* kowé kudu ngorbanké domba lanang sing sijiné lan persembahan minuman lan tepung saka biji-bijian, padha karo persembahan pas ésuk. Kabèh kuwi kudu mbok obong dadi persembahan kanggo Yéhuwah, sing ambuné nggawé Dhèwèké seneng.
-
-
Wilangan 28:4-6Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
4 Domba sing siji kudu mbok wènèhké ing wayah ésuk lan sing sijiné pas wis arep bengi.*+ 5 Pas mènèhké domba kuwi, kowé ya kudu mènèhké persembahan biji-bijian yaiku sepersepuluh éfa* tepung alus sing dicampur karo seprapat hin* minyak.+ 6 Kuwi persembahan bakaran sing kudu diwènèhké saben dina,+ sing wis ditentokké ing Gunung Sinai. Kuwi persembahan sing diobong nganggo geni sing ambuné nggawé Yéhuwah seneng.
-