PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Kaimaman 17:15
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 15 Nèk ana wong Israèl asli utawa wong asing sing mangan bathang kéwan utawa kéwan sing bar diserang kéwan buas,+ wong kuwi kudu ngumbah klambiné, adus, lan dadi najis nganti matahari terbenam.+ Bar kuwi, dhèwèké ora najis manèh.

  • Kaimaman 22:3
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 3 Kandhanana wong-wong kuwi, ’Nganti sakterusé, nèk ana keturunanmu sing lagi najis sing mara nyedhaki perkara-perkara suci sing wis disucèkké wong Israèl kanggo Yéhuwah, wong kuwi kudu dipatèni.*+ Aku iki Yéhuwah.

  • Kaimaman 22:8
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 8 Dhèwèké ya ora éntuk mangan bathang kéwan utawa kéwan sing bar dicabik-cabik kéwan buas bèn dhèwèké ora najis.+ Aku iki Yéhuwah.

  • Pangandharing Torèt 14:21
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 21 ”Nèk kowé nemu kéwan sing wis mati, aja mbok pangan.+ Kuwi éntuk mbok wènèhké marang wong asing sing ana ing kutha-kuthamu, lan wong kuwi éntuk mangan. Kuwi ya éntuk mbok edol marang wong asing. Kowé kuwi umat sing suci kanggoné Yéhuwah Gusti Allahmu.

      ”Aja nggodhog anak kambing nganggo susuné emboké.+

  • Yèhèzkièl 4:14
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 14 Terus aku ngomong, ”Adhuh, Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah. Kèt enom nganti saiki, aku ora tau dadi najis merga mangan bathang kéwan utawa mangan kéwan sing dicabik-cabik.+ Aku ya ora tau mangan daging sing dianggep najis.”+

  • Yèhèzkièl 44:31
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 31 Para imam ora éntuk mangan manuk, bathang kéwan apa waé, lan kéwan sing bar dicabik-cabik kéwan buas.’+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim