-
Kaimaman 14:15-18Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
15 Imam kudu ngesokké sebagéan minyak kuwi+ ing tlapak tangané dhéwé sing kiwa. 16 Terus, imam kudu nyelupké driji tengené ing minyak sing ana ing tlapak tangané sing kiwa mau lan nyipratké minyak kuwi ping pitu nganggo drijiné ing ngarepé Yéhuwah. 17 Bar kuwi, sebagéan minyak sing isih ana ing tlapak tangané imam mau diolèské ing kuping tengen, jempol tangan tengen, lan jempol sikil tengené wong kuwi, yaiku ing panggonan imam ngolèské getihé kéwan persembahan kesalahan mau. 18 Sisa minyak sing isih ana ing tlapak tangané imam kudu diolèské ing sirahé wong kuwi. Imam bakal njaluk marang Gusti Allah bèn dosané wong kuwi diapura ing ngarepé Yéhuwah.+
-