PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Roma 3:25
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 25 Gusti Allah ngorbanké Kristus bèn manungsa isa nduwé hubungan sing apik manèh karo Gusti Allah. Ning, wong kuwi kudu nduwé iman marang getihé Kristus.+ Gusti Allah nindakké iki kanggo nduduhké nèk Dhèwèké kuwi bener. Dhèwèké kuwi sabar lan gelem ngapura dosa-dosa sing ditindakké ing jaman mbiyèn.+

  • Ibrani 9:12
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 12 Dhèwèké ora nggawa getihé wedhus utawa getihé sapi lanang enom pas mlebu ing Ruang Mahasuci, ning dhèwèké nggawa getihé dhéwé+ bèn isa mbébaské* awaké dhéwé+ kanggo saklawasé. Kuwi ditindakké ping pisan kanggo saklawasé.

  • Ibrani 9:24, 25
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 24 Kristus ora mlebu menyang Ruang Mahasuci sing digawé nganggo tangané manungsa.+ Kuwi mung tiruan saka Ruang Mahasuci sing asli.+ Ning, dhèwèké mlebu menyang swarga,+ lan saiki dhèwèké ngadhep Gusti Allah demi awaké dhéwé.+ 25 Dhèwèké ora mènèhké uripé dadi persembahan ping bola-bali. Kuwi ora kaya sing ditindakké imam agung sing saben taun+ mlebu ing Ruang Mahasuci nggawa getih sing dudu getihé dhéwé.

  • Ibrani 10:4
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 4 merga getihé sapi lanang lan getihé wedhus ora mungkin isa nyingkirké dosa.

  • Ibrani 10:12
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 12 Ning, wong iki mènèhké korban siji sing isa nyingkirké dosa kanggo saklawasé. Dhèwèké lungguh ing sebelah tengené Gusti Allah+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim