PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Kaimaman 16:6
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 6 ”Terus, Harun kudu mènèhké sapi lanang dadi persembahan dosa kanggo Harun dhéwé. Harun bakal njaluk bèn dosané dhéwé+ lan dosané keluargané* diapura.

  • Markus 10:45
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 45 Malah, Anaké manungsa waé teka ora kanggo dilayani, ning kanggo nglayani+ lan masrahké uripé dadi tebusan kanggo wong akèh.”+

  • Ibrani 2:9
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 9 Ning, awaké dhéwé ndelok Yésus, sing digawé luwih rendah sithik timbang malaékat,+ diajèni lan dihormati merga dhèwèké wis sengsara nganti mati.+ Liwat sifaté Gusti Allah sing apikan banget, dhèwèké mati demi kabèh wong.+

  • Ibrani 7:27
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 27 Ora kaya imam agung liyané, dhèwèké ora perlu mènèhi korban saben dina+ kanggo dosané dhéwé lan kanggo dosané bangsané.+ Dhèwèké nindakké kuwi ping pisan kanggo saklawasé, yaiku wektu ngorbanké uripé.+

  • Ibrani 9:7
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 7 Mung imam agung sing éntuk mlebu ing Ruang Mahasuci setaun pisan.+ Dhèwèké kudu nggawa getih+ sing dipersembahké kanggo dhèwèké dhéwé+ lan kanggo dosa-dosa sing ora sengaja ditindakké bangsa kuwi.+

  • Ibrani 9:12
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 12 Dhèwèké ora nggawa getihé wedhus utawa getihé sapi lanang enom pas mlebu ing Ruang Mahasuci, ning dhèwèké nggawa getihé dhéwé+ bèn isa mbébaské* awaké dhéwé+ kanggo saklawasé. Kuwi ditindakké ping pisan kanggo saklawasé.

  • Wahyu 1:5
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 5 Muga-muga, Yésus Kristus, yaiku ”Seksi sing Setya”,+ ”sing pertama kali diuripké manèh saka antarané wong mati”,+ lan ”Penguasané raja-raja ing bumi”+ ya apikan banget karo kowé.

      Yésus nresnani+ lan mbébaské awaké dhéwé saka dosa-dosané awaké dhéwé nganggo getihé dhéwé.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim