PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Matius 26:28
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 28 Iki nglambangké getihku,+ yaiku ’getih kanggo perjanjian’,+ sing bakal diecurké kanggo manfaaté akèh wong+ bèn dosa-dosané diapura.+

  • Roma 3:25
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 25 Gusti Allah ngorbanké Kristus bèn manungsa isa nduwé hubungan sing apik manèh karo Gusti Allah. Ning, wong kuwi kudu nduwé iman marang getihé Kristus.+ Gusti Allah nindakké iki kanggo nduduhké nèk Dhèwèké kuwi bener. Dhèwèké kuwi sabar lan gelem ngapura dosa-dosa sing ditindakké ing jaman mbiyèn.+

  • Roma 5:9
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 9 Mula, merga awaké dhéwé wis dianggep bener karo Gusti Allah liwat getihé Yésus,+ awaké dhéwé isa yakin nèk bakal dislametké wektu Gusti Allah nesu.+

  • Éfésus 1:7
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 7 Merga Gusti Allah apikan banget, awaké dhéwé ditebus nganggo getihé Anaké.+ Awaké dhéwé dibébaské, lan pelanggarané awaké dhéwé diapura.+

  • Ibrani 9:22
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 22 Menurut Hukum Musa, mèh kabèh digawé suci nganggo getih.+ Nèk getih ora diecurké, dosa ora bakal diapura.+

  • Ibrani 13:12
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 12 Kuwi sebabé Yésus ya sengsara ing njaba gerbang kutha+ bèn isa nggawé wong-wong dadi suci nganggo getihé Yésus dhéwé.+

  • 1 Pétrus 1:2
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 2 Gusti Allah kuwi Bapak ing swarga.+ Dhèwèké milih kowé menurut rencanané. Dhèwèké mènèhi kowé roh suci kanggo nggawé kowé suci,+ supaya kowé dadi manut marang Dhèwèké lan dadi resik nganggo getihé Yésus Kristus.+

      Muga-muga Gusti Allah apikan banget karo kowé lan nggawé kowé ayem.

  • 1 Yohanes 1:7
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 7 Ning, nèk awaké dhéwé mlaku ing cahaya,* kaya Gusti Allah ya ana ing cahaya, awaké dhéwé bakal bersatu. Getihé Anaké, yaiku Yésus, ngresiki awaké dhéwé saka kabèh dosa.+

  • Wahyu 1:5
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 5 Muga-muga, Yésus Kristus, yaiku ”Seksi sing Setya”,+ ”sing pertama kali diuripké manèh saka antarané wong mati”,+ lan ”Penguasané raja-raja ing bumi”+ ya apikan banget karo kowé.

      Yésus nresnani+ lan mbébaské awaké dhéwé saka dosa-dosané awaké dhéwé nganggo getihé dhéwé.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim