-
Kaimaman 20:17Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
17 ”’Nèk ana wong lanang sing nindakké hubungan sèks karo mbakyu utawa adhiné wédok, yaiku anaké wédok bapaké utawa ibuné, kuwi tumindak sing ngisin-isini.+ Wong loro kuwi wis padha-padha ndelok pas lagi wuda. Loro-loroné kudu dipatèni. Wong loro kuwi kudu dipatèni ing ngarepé wong akèh. Wong lanang kuwi wis nggawé isin mbakyuné utawa adhiné wédok. Dhèwèké kudu nanggung kesalahané.
-
-
Pangandharing Torèt 27:22Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
22 ”’Wong sing nindakké hubungan sèks karo mbakyuné utawa adhiné wédok, embuh kuwi anaké bapaké utawa ibuné, bakal dikutuk.’+ (Bangsa kuwi kudu njawab, ’Amin.’)
-
-
2 Samuèl 13:10-12Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
10 Terus Amnon kandha marang Tamar, ”Gawanen panganan* kuwi ing kamar, bèn kuwi isa tak pangan.” Mula, Tamar njupuk roti sing wis digawé kuwi, terus nggawa kuwi ing kamaré Amnon kakangé. 11 Pas Tamar nggawa panganan kuwi marang Amnon, Amnon nyekel dhèwèké lan kandha, ”Adhiku, kéné turu karo aku.” 12 Ning Tamar kandha, ”Aja, Mas! Aja ngrendhahké aku. Iki ora olèh ditindakké ing Israèl.+ Tumindakmu iki ora pantes.+
-