-
Kaimaman 8:15, 16Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
15 Musa mbelèh sapi kuwi, terus drijiné dicelupké ing getihé+ sapi kuwi. Getih kuwi diolèské ing sungu-sungu sing ana ing mézbah supaya mézbah kuwi dadi murni, ning sisa getihé diesokké ing bagéan ngisor mézbah. Kuwi kabèh ditindakké bèn mézbah kuwi dadi suci lan murni. 16 Terus, Musa njupuk kabèh gajih sing ana ing usus, gajih sing ana ing ati, lan ginjal loro cedhak pinggang sak gajihé. Musa ngobong kuwi kabèh ing mézbah.+
-