-
Pangentasan 23:3Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
3 Aja pilih kasih wektu ngurusi kasusé wong mlarat.+
-
-
Pangandharing Torèt 1:16, 17Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
16 ”Wektu kuwi aku ngandhani para hakim sing ana ing antaramu, ’Nèk ana wong sing nduwé masalah karo wong liya, terus dhèwèké marani kowé, kowé kudu adil+ wektu ngadili kasusé wong kuwi, embuh kuwi masalahé karo sing padha-padha wong Israèl utawa karo wong asing sing manggon karo kowé.+ 17 Aja pilih kasih wektu ngadili.+ Wong cilik utawa wong penting kudu padha-padha mbok rungokké.+ Aja wedi karo manungsa,+ merga kowé dadi wakilé Gusti Allah wektu ngadili.+ Nèk kasusé angèl banget, kowé isa nggawa kasus kuwi marang aku. Mengko kasus kuwi tak tangani.’+
-
-
2 Babad 19:6Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
6 Dhèwèké kandha marang para hakim kuwi, ”Gatèkna tugasmu, merga kowé ngadili kanggo Yéhuwah, dudu kanggo manungsa, lan Gusti Allah mbantu pas kowé ngadili.+
-