43 ”Kowé wis krungu omongan, ’Kowé kudu nresnani wong liya+ lan sengit karo mungsuhmu.’ 44 Ning, kowé tak kandhani: Kowé kudu terus nresnani mungsuh-mungsuhmu+ lan ndongakké wong-wong sing nganiaya kowé.+
9 Ana hukum sing kandha, ”Aja laku jina,+ aja matèni wong,+ aja nyolong,+ aja péngin ngepèk duwèké wong liya.”+ Préntah kuwi lan préntah liyané disimpulké nganggo kata-kata iki, ”Kowé kudu nresnani wong liya kaya nresnani awakmu dhéwé.”+