PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Kaimaman 11:46, 47
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 46 ”’Kuwi hukum soal kéwan darat, kéwan sing mabur, kéwan sing urip ing banyu, lan kéwan cilik ing darat, 47 supaya kowé isa mbédakké endi sing najis lan sing ora najis, endi sing éntuk dipangan lan sing ora éntuk dipangan.’”+

  • Pangandharing Torèt 14:4-20
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 4 Iki kéwan sing éntuk mbok pangan:+ Sapi, domba, kambing, 5 kidang, antelop, kambing liar, domba liar, lan domba gunung. 6 Kowé éntuk mangan kéwan sing kukuné mbelah lan sing memamah biak.* 7 Ning, kowé ora éntuk mangan kéwan sing mung memamah biak utawa kéwan sing mung nduwé kuku belah, yaiku unta, kelinci, lan hiraks,* merga kéwan-kéwan kuwi mung memamah biak tapi kukuné ora mbelah. Mula, kéwan-kéwan kuwi haram.+ 8 Kowé ya ora éntuk mangan babi, merga babi mung nduwé kuku belah tapi ora memamah biak. Babi kuwi haram. Aja mangan dagingé lan aja ndemèk bathangé.

      9 ”Saka antarané kéwan-kéwan sing urip ing banyu, kowé mung éntuk mangan kéwan sing nduwé sisik lan sirip.+ 10 Ning, kowé ora éntuk mangan kéwan sing ora ana sisik lan siripé. Kuwi haram.

      11 ”Kowé éntuk mangan manuk apa waé sing ora haram. 12 Ning, kowé ora éntuk mangan manuk elang, elang laut, manuk bangkai hitam,+ 13 elang abang, elang ireng, kabèh elang liyané, 14 kabèh jenis manuk gagak, 15 manuk unta, burung hantu, camar, kabèh jenis manuk alap-alap, 16 burung hantu cilik, burung hantu sing kupingé dawa, angsa, 17 manuk pelikan, manuk bangkai, manuk pecuk padi, 18 bangau, kabèh jenis manuk kuntul, manuk hupo, lan kelélawar. 19 Kabèh jenis serangga sing ana sayapé ya haram lan ora éntuk mbok pangan. 20 Kabèh kéwan mabur sing ora haram éntuk mbok pangan.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim