-
Wilangan 15:22-24Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
22 ”’Nèk kowé nggawé kesalahan lan ora nindakké kabèh préntahé Yéhuwah marang Musa, 23 yaiku kabèh préntahé Yéhuwah sing berlaku kanggo kowé lan keturunanmu kèt Yéhuwah mréntahké kuwi nganti sakterusé, 24 lan nèk kesalahan kuwi ora sengaja ditindakké lan ora ana sing ngerti, kabèh wong Israèl kudu mènèhké sapi lanang enom siji dadi persembahan bakaran sing ambuné nggawé Yéhuwah seneng bareng karo persembahan biji-bijian lan persembahan minuman kaya biasané,+ lan kambing enom siji dadi persembahan dosa.+
-