PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Wilangan 28:26-31
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 26 ”’Ing Perayaan Sakwisé Pitung Minggu, yaiku pas kowé mènèhké hasil pertama saka ladhangmu,+ lan pas kowé mènèhké marang Yéhuwah+ persembahan biji-bijian sing lagi waé dipanèn, kowé kudu ngumpul kanggo ngibadah marang Gusti Allah.+ Kowé ora éntuk nindakké gawéan sing abot.+ 27 Kowé kudu mènèhké sapi lanang enom loro, domba lanang siji, lan domba lanang enom pitu sing umuré setaun dadi persembahan bakaran, sing ambuné nggawé Yéhuwah seneng.+ 28 Kowé ya kudu mènèhké persembahan biji-bijian yaiku tepung alus sing dicampur minyak. Wènèhna telu persepuluh kanggo saben sapi lanang, loro persepuluh kanggo domba lanang, 29 lan sepersepuluh kanggo saben domba lanang enom pitu kuwi. 30 Kowé ya kudu mènèhké kambing enom siji dadi persembahan dosa bèn dosamu diapura.+ 31 Dadi, sakliyané persembahan bakaran sing kudu diwènèhké saben dina lan persembahan biji-bijian, kowé ya kudu mènèhké kuwi kabèh lan persembahan minumané. Kabèh kéwan sing diwènèhké kudu sing séhat.+

  • Pangandharing Torèt 16:16
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 16 ”Setaun ping telu, kabèh wong lanang kudu ngadhep Yéhuwah Gusti Allahmu ing panggonan sing dipilih, yaiku pas Perayaan Roti Tanpa Ragi,+ Perayaan Minggu-Minggu,+ lan Perayaan Pondok.+ Kabèh wong sing teka kudu nggawa persembahan kanggo Yéhuwah.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim