-
Wilangan 35:31Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
31 Aja nampa tebusan kanggo nyawané pembunuh sing pantes mati merga dhèwèké kudu dipatèni.+
-
-
Pangandharing Torèt 19:11-13Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
11 ”Nèk ana wong sing sengit karo wong liya+ lan nggolèk kesempatan kanggo nyerang lan ngantemi* wong kuwi nganti mati, terus dhèwèké mlayu menyang salah siji kutha kuwi, 12 para pemimpin* ing kutha kuwi kudu nggawa dhèwèké metu saka kutha kuwi lan nyerahké dhèwèké marang wong sing nduwé hak kanggo mbales. Dhèwèké kudu dipatèni.+ 13 Kowé aja mesakké karo dhèwèké. Wong sing matèni wong sing ora salah+ kudu mbok singkirké saka Israèl bèn uripmu ayem.
-