-
Para Hakim 7:15, 16Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
15 Pas Gidéon krungu mimpi kuwi lan artiné,+ dhèwèké sujud nyembah Gusti Allah. Bar kuwi, dhèwèké bali menyang perkémahané Israèl lan kandha, ”Tangia, Yéhuwah wis nyerahké perkémahané Midian marang kowé.” 16 Terus, Gidéon mbagi wong 300 kuwi dadi telung kelompok lan mènèhi wong-wong kuwi trompèt*+ lan kendhi gedhé isi obor.
-
-
Para Hakim 15:15, 16Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
15 Bar kuwi, Simson nemu tulang rahang keledai lanang sing lagi waé mati. Tulang rahang keledai kuwi dijupuk Simson lan digunakké kanggo matèni wong 1.000.+ 16 Simson kandha,
”Nganggo rahangé keledai, aku matèni mungsuh-mungsuh lan numpuk mayaté dadi pirang-pirang tumpukan.
Nganggo rahangé keledai, wong 1.000 tak patèni.”+
-