7 Musa njupuk buku perjanjian, terus diwacakké marang bangsa Israèl.+ Wong-wong kuwi kandha, ”Aku gelem nindakké lan manut karo kabèh préntahé Yéhuwah.”+
16 Yéhuwah kandha karo Musa, ”Ora suwé manèh kowé bakal mati, lan bangsa iki bakal ora setya karo aku lan bakal nyembah allah-allah liya sing ana ing tanah sing bakal ditekani wong-wong kuwi.+ Wong-wong kuwi bakal ninggalké Aku+ lan nglanggar perjanjian sing Tak gawé karo wong-wong kuwi.+
9 Perjanjian iki béda karo perjanjian sing Tak gawé karo nènèk moyangé pas Aku nuntun wong-wong kuwi metu saka Mesir,+ merga wong-wong kuwi ora manut karo perjanjian-Ku, dadi Aku ora ngopèni wong-wong kuwi manèh,’ kandhané Yéhuwah.”*