-
Wilangan 15:28Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
28 Imam bakal njaluk bèn dosané wong sing ora sengaja nindakké dosa kuwi diapura ing ngarepé Yéhuwah, lan Gusti Allah bakal ngapura dhèwèké.+
-
-
1 Yohanes 2:1, 2Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
2 Anak-anakku sing tak tresnani, aku nulis iki marang kowé bèn kowé ora nindakké dosa. Ning nèk ana sing nindakké dosa, ana sing nulungi* awaké dhéwé, yaiku Yésus Kristus+ sing ana bareng karo Bapak lan sing nindakké apa sing bener.+ 2 Dhèwèké kuwi korban+ kanggo dosané awaké dhéwé,+ sing nggawé awaké dhéwé rukun manèh karo Gusti Allah. Malah, korbané kuwi ora mung kanggo dosané awaké dhéwé waé, ning kanggo dosané wong sak donya.+
-