-
Pangandharing Torèt 28:37Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
37 Wektu Yéhuwah ngusir kowé mrana, wong-wong bakal wedi merga ndelok apa sing mbok alami. Wong-wong kuwi bakal ngrendhahké lan ngécé kowé.+
-
-
Pangandharing Torèt 29:22-24Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
22 ”Wong asing saka panggonan sing adoh lan keturunané anak-anakmu bakal ndelok bencana saka Yéhuwah sing dialami tanah iki. 23 Gusti Allah bakal ngukum nganggo belérang, uyah, lan geni. Mula, tanah kuwi ora bakal isa ditanduri apa-apa, kaya kutha Sodom, Gomora,+ Adma, lan Zéboyim,+ sing disingkirké merga Yéhuwah nesu banget. 24 Wong-wong kuwi lan kabèh bangsa bakal takon, ’Ngapa Yéhuwah tumindak kaya ngono marang tanah iki?+ Ngapa kok Dhèwèké nesu banget?’
-
-
Kidung Pangadhuh 2:15Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
15 Kabèh wong sing liwat ing dalan padha keplok-keplok ngécé kowé.+
-
-
Yèhèzkièl 5:15Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
15 Wektu Aku ngukum kowé karo nesu banget,+ kowé bakal diécé lan dirèmèhké bangsa-bangsa ing sekitarmu. Apa sing mbok alami kuwi bakal dadi peringatan, lan kuwi bakal nggawé bangsa-bangsa ing sekitarmu dadi wedi. Aku, Yéhuwah, wis ngomongké kuwi.
-