5 Aja sujud lan aja nyembah kabèh kuwi,+ merga Aku, Yéhuwah Gusti Allahmu, péngin kowé mung nyembah Aku.+ Aku bakal ngukum wong-wong sing sengit karo Aku. Anak-anaké, putuné, lan buyuté* bakal mèlu nanggung kesalahané.
18 ’Yéhuwah sabar lan nduwé katresnan* sing gedhé banget,+ ngapura kesalahan lan pelanggaran, ning wong sing salah ora bakal bébas saka hukuman. Nèk ana wong sing salah, anak-anaké, putuné, lan buyuté* bakal mèlu nanggung kesalahané.’+