PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Wilangan 22:7
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 7 Mula para pemimpiné wong Moab lan Midian nemoni Biléam+ karo nggawa dhuwit sing arep dienggo mbayar Biléam bèn ngutuki Israèl. Wong-wong kuwi nyampèkké pesené Balak marang Biléam.

  • Wilangan 25:1-3
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 25 Pas wong Israèl manggon ing Syitim,+ wong-wong kuwi nindakké hubungan sèks karo wong-wong wédok Moab.+ 2 Wong-wong wédok kuwi ngejak wong Israèl mènèhké korban kanggo allah-allahé.+ Terus, wong Israèl mulai mangan lan sujud nyembah allah-allahé wong Moab.+ 3 Mula wong Israèl mèlu nyembah Baal Péor.+ Yéhuwah dadi nesu banget karo wong Israèl.

  • Wilangan 25:17, 18
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 17 ”Serangen lan patènana wong Midian,+ 18 merga wong-wong kuwi wis nglawan kowé nganggo cara sing licik soal Péor+ lan soal Kozbi, anaké wédok pemimpin Midian. Kozbi dipatèni+ pas ana wabah penyakit merga Péor mau.”+

  • 1 Korintus 10:8
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 8 Aja nindakké hubungan sèks sing ora pantes* kaya wong-wong kuwi. Wektu kuwi, mung sedina waé ana wong 23.000 sing mati.+

  • Wahyu 2:14
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 14 ”’Senajan ngono, ana sing ora tak senengi saka kowé. Wektu ing antaramu ana sing ndhukung ajarané Biléam,+ kowé malah meneng waé. Padahal, Biléam iki sing mbiyèn ngongkon Balak+ ngojok-ojoki bangsa Israèl bèn mangan daging sing dikorbanké marang brahala lan nindakké hubungan sèks sing ora pantes.*+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim