-
Pangentasan 23:31-33Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
31 ”Aku bakal nggawé batas-batasé tanahmu. Batas-batasé yaiku saka Laut Merah nganti Laut Tengah,*+ lan saka padhang belantara nganti Kali Éfrat. Aku bakal mbantu kowé ngalahké bangsa-bangsa kuwi, lan kowé bakal ngusir bangsa-bangsa kuwi.+ 32 Aja nganti kowé nggawé perjanjian karo wong-wong kuwi utawa karo déwa-déwané.+ 33 Wong-wong kuwi ora éntuk manggon ing tanahmu bèn wong-wong kuwi ora nggawé kowé dosa marang Aku. Nèk kowé nyembah déwa-déwané, uripmu mesthi bakal sengsara.”+
-
-
Pangandharing Torèt 7:3, 4Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
3 Aja nikah karo wong saka bangsa-bangsa kuwi. Aja nikahké anak-anakmu wédok karo anak-anaké lanang bangsa kuwi, lan aja nikahké anak-anakmu lanang karo anak-anaké wédok bangsa kuwi.+ 4 Anaké wédok bangsa kuwi bakal nggawé anakmu lanang nyembah allah-allahé bangsa kuwi.+ Terus, Yéhuwah bakal nesu banget karo kowé, lan Dhèwèké bakal langsung nyingkirké kowé.+
-
-
Yosua 23:12, 13Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
12 ”Ning, nèk kowé ninggalké Gusti Allah lan mèlu-mèlu bangsa sing isih manggon karo kowé,+ terus kowé ya bergaul lan nggawé kerja sama liwat perkawinan karo wong-wong kuwi,+ 13 kowé kudu ngerti nèk Yéhuwah Gusti Allahmu ora bakal ngusir manèh bangsa-bangsa kuwi kanggo kowé.+ Bangsa-bangsa kuwi bakal dadi jebakan lan jerat uga pecut ing gegermu+ lan eri ing mripatmu nganti kowé disingkirké saka tanah sing apik iki, sing wis diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu marang kowé.
-
-
Para Hakim 2:2, 3Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
2 Kowé ora éntuk nggawé perjanjian karo penduduk tanah iki.+ Kowé kudu ngremuk mézbah-mézbahé wong-wong kuwi.’+ Ning, kowé ora manut karo omongan-Ku.+ Ngapa kok kowé kaya ngono? 3 Kuwi sebabé Aku kandha, ’Aku ora bakal ngusir penduduk tanah iki saka ngarepmu.+ Wong-wong kuwi bakal dadi kaya jebakan kanggo kowé+ lan nggawé kowé nyembah déwa-déwané.’”+
-