PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Yosua 20:2, 3
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 2 ”Kandhanana wong Israèl, ’Pilihen kutha-kutha perlindungan+ sing tau Tak omongké marang kowé liwat Musa, 3 supaya wong sing ora sengaja matèni wong isa mlayu mrana. Kutha-kutha kuwi bakal dadi kutha perlindungan saka wong sing nduwé hak kanggo mbales.+

  • Yosua 20:7, 8
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 7 Mula, wong Israèl milih* kutha-kutha iki: Kèdès+ ing Galiléa ing dhaérah pegunungan Naftali; Syikhèm+ ing dhaérah pegunungan Éfraim; lan Kiriat-arba,+ yaiku Hébron ing dhaérah pegunungan Yéhuda. 8 Ing dhaérah sisih wétané Kali Yordan, cedhaké Yérikho, wong Israèl milih Bèzèr+ ing padhang belantara ing dataran tinggi ing dhaérahé suku Rubèn; Ramot+ ing Giléad ing dhaérahé suku Gad; lan Golan+ ing Basyan ing dhaérahé suku Manasyé.+

  • Yosua 21:13
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 13 Keturunané Imam Harun diwènèhi kutha Hébron+ karo padhang rumputé, yaiku kutha perlindungan kanggo pembunuh,+ lan Libna+ karo padhang rumputé,

  • Yosua 21:21
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 21 Wong-wong kuwi diwènèhi kutha Syikhèm+ karo padhang rumputé ing dhaérah pegunungan Éfraim, yaiku kutha perlindungan kanggo pembunuh,+ lan Gèzèr+ karo padhang rumputé,

  • Yosua 21:27
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 27 Wong Lèwi keturunané Gèrsyon+ nampa saka setengahé suku Manasyé kutha Golan+ ing Basyan karo padhang rumputé, yaiku kutha perlindungan kanggo pembunuh, lan Béèstéra karo padhang rumputé. Dadi, kutha sing diwènèhké ana loro.

  • Yosua 21:32
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 32 Saka suku Naftali: kutha Kèdès+ ing Galiléa karo padhang rumputé, yaiku kutha perlindungan+ kanggo pembunuh, Hamot-dor karo padhang rumputé, lan Kartan karo padhang rumputé. Dadi, kutha sing diwènèhké ana telu.

  • Yosua 21:36
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 36 Saka suku Rubèn: Bèzèr+ karo padhang rumputé, Yahaz karo padhang rumputé,+

  • Yosua 21:38
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 38 Saka suku Gad:+ kutha Ramot ing Giléad+ karo padhang rumputé, yaiku kutha perlindungan kanggo pembunuh, lan Mahanaim+ karo padhang rumputé,

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim