-
Pangandharing Torèt 4:41-43Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
41 Wektu kuwi, Musa milih telung kutha ing sisih wétané Kali Yordan.+ 42 Nèk ana sing ora sengaja matèni wong liya lan sakdurungé ya ora sengit karo wong mau,+ dhèwèké kudu mlayu ing salah siji kutha iki bèn isa tetep urip:+ 43 Kanggo suku Rubèn yaiku kutha Bèzèr+ ing padhang belantara sing ana ing dataran tinggi. Kanggo suku Gad yaiku kutha Ramot+ ing Giléad. Kanggo suku Manasyé+ yaiku kutha Golan+ ing Basyan.
-