PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Wilangan 27:1-7
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 27 Terus, anak-anaké wédok Zéloféhad,+ yaiku wong-wong saka keluarga-keluarga suku Manasyé anaké Yusuf, teka. Zéloféhad kuwi anaké Hèfèr, anaké Giléad, anaké Makhir, anaké Manasyé. Anak-anaké wédok Zéloféhad yaiku Mahla, Noa, Hogla, Milka, lan Tirza. 2 Wong-wong wédok kuwi ngadeg ing ngarepé Musa, Imam Èléazar, para pemimpin,+ lan kabèh wong Israèl ing lawangé kémah pertemuan, lan kandha, 3 ”Bapakku mati ing padhang belantara, ning dhèwèké ora termasuk kelompok wong sing sekongkol nglawan Yéhuwah, para pendukungé Korah.+ Dhèwèké mati merga dosané dhéwé lan dhèwèké ora nduwé anak lanang. 4 Ngapa kok jenengé bapakku kudu dihapus saka keluargané mung gara-gara ora nduwé anak lanang? Wènèhana aku tanah warisan kaya sedulur-seduluré bapakku.” 5 Mula, Musa nggawa masalah iki ing ngarepé Yéhuwah.+

      6 Terus Yéhuwah kandha marang Musa, 7 ”Anak-anaké wédok Zéloféhad kuwi bener. Kowé pancèn kudu mènèhi wong-wong wédok kuwi tanah warisan kaya sedulur-seduluré bapaké. Warisané bapaké kuwi kudu mbok wènèhké wong-wong kuwi.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim