-
Wilangan 5:14, 15Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
14 Ning, nèk bojoné cemburu lan curiga merga ngrasa sing wédok ora setya, embuh sing wédok kuwi pancèn najis tenan apa ora, 15 wong lanang kuwi kudu nggawa bojoné ngadhep imam karo nggawa persembahan kanggo sing wédok, yaiku sepersepuluh éfa* tepung barli. Tepungé ora éntuk diesoki minyak utawa diwènèhi menyan ing ndhuwuré merga kuwi persembahan biji-bijian sing diwènèhké merga cemburu, yaiku persembahan biji-bijian kanggo ngéling-éling kesalahan.
-