-
Wilangan 3:25, 26Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
25 Tugasé keturunané Gèrsyon+ ing kémah pertemuan yaiku ngurus tabernakel,+ termasuk kabèh penutupé,+ kordhèn+ kanggo lawang kémah pertemuan, 26 kordhèn kanggo halaman,+ kordhèn+ kanggo gerbang halaman, yaiku sing ngubengi tabernakel lan mézbah, tali-tali kémah, lan apa waé sing ana hubungané karo kuwi kabèh.
-
-
Wilangan 4:24-26Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
24 Iki sing kudu diurus lan diusung keluarga keturunané Gèrsyon:+ 25 Wong-wong kuwi kudu ngusung kain-kain kémah tabernakel,+ kain penutup kémah pertemuan, penutup kémah, penutup saka kulit anjing laut sing didèlèhké ing ndhuwuré,+ kordhèn kanggo lawangé kémah pertemuan,+ 26 kordhèn kanggo halaman,+ kordhèn kanggo gerbang halaman,+ yaiku sing ngubengi tabernakel lan mézbah, tali-tali kémah karo kabèh perlengkapané, lan barang apa waé sing digunakké ing gawéan kuwi. Kuwi tugasé wong-wong kuwi.
-