PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Purwaning Dumadi 41:51, 52
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 51 Yusuf kandha, ”Gusti Allah wis nggawé aku lali karo kabèh masalahku lan kabèh keluargané bapakku.” Kuwi sebabé Yusuf njenengi anaké sing pertama Manasyé.*+ 52 Yusuf njenengi anaké sing nomer loro Éfraim.*+ Yusuf kandha, ”Gusti Allah wis mènèhi aku anak-anak ing tanah sing tak enggoni wektu aku ngalami kesusahan.”+

  • Purwaning Dumadi 46:20
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 20 Anak-anaké lanang Yusuf saka Asenat+ anaké Potiféra imam ing On* yaiku Manasyé+ lan Éfraim,+ sing lair ing tanah Mesir.

  • Purwaning Dumadi 48:17-19
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 17 Yusuf ora seneng wektu ndelok tangan tengené bapaké terus ana ing sirahé Éfraim. Mula, dhèwèké nyoba mindhah tangané bapaké ing sirahé Manasyé. 18 Yusuf kandha karo bapaké, ”Aja ngono, Pak. Anakku sing pertama sing iki.+ Dèlèhna tangan tengenmu ing sirahé.” 19 Ning, bapaké ora gelem lan kandha, ”Ya, Lé. Aku ngerti. Manasyé bakal dadi wong sing hébat, lan keturunané ya bakal dadi bangsa. Ning, adhiné bakal luwih hébat,+ lan keturunané* bakal dadi akèh banget nganti jumlahé padha karo jumlahé akèh bangsa.”+

  • Wilangan 2:18, 19
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 18 ”Kelompok sing isiné telung suku sing dipimpin suku Éfraim bakal kémah ing sisih kulon nurut kelompoké* dhéwé-dhéwé. Pemimpiné suku Éfraim yaiku Èlisyama+ anaké Amihud. 19 Sing kedaftar ing pasukan Éfraim ana 40.500.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim