4 Mula, Rakhèl ndadèkké Bilha dadi bojoné Yakub. Terus, Yakub turu karo Bilha.+ 5 Akhiré Bilha meteng, terus nglairké anak lanang. 6 Terus Rakhèl kandha, ”Gusti Allah wis dadi hakimku lan wis ngrungokké aku, mula Dhèwèké mènèhi aku anak lanang.” Kuwi sebabé bocah kuwi dijenengi Dan.+