-
Kaimaman 6:14Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
14 ”’Iki hukum soal persembahan biji-bijian:+ Anak-anaké lanang Harun kudu nggawa kuwi ing mézbah lan mènèhké kuwi ing ngarepé Yéhuwah.
-
-
Wilangan 28:11, 12Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
11 ”’Saben awal bulan, kowé kudu mènèhké sapi lanang enom loro, domba lanang siji, lan domba lanang enom pitu sing séhat sing umuré setaun dadi persembahan bakaran kanggo Yéhuwah.+ 12 Kowé ya kudu mènèhké persembahan biji-bijian+ yaiku telu persepuluh tepung alus sing dicampur minyak kanggo saben sapi lanang, loro persepuluh tepung alus sing dicampur minyak kanggo domba lanang,+
-
-
Wilangan 29:6Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
6 Kuwi sing kudu diwènèhké dadi persembahan sakliyané persembahan bakaran saben sasi lan persembahan biji-bijiané,+ persembahan bakaran sing kudu diwènèhké saben dina lan persembahan biji-bijiané,+ bareng karo persembahan minumané,+ kaya biasané. Kuwi kabèh persembahan sing diobong nganggo geni sing ambuné nggawé Yéhuwah seneng.
-