-
Wilangan 3:9Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
9 Kowé kudu mènèhké wong Lèwi marang Harun lan anak-anaké lanang. Saka antarané wong Israèl, wong-wong kuwi wis ditugaské mbantu Harun.+
-
-
Wilangan 3:12Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
12 ”Aku wis milih wong Lèwi saka antarané wong Israèl bèn dadi gantiné kabèh anak pertamané wong Israèl.+ Wong Lèwi bakal dadi duwèk-Ku.
-
-
Wilangan 8:15, 16Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
15 Sakwisé kuwi, wong Lèwi bakal teka lan nglayani ing kémah pertemuan. Ya ngono kuwi carané kowé nggawé wong-wong kuwi dadi suci lan mènèhké* wong-wong kuwi dadi persembahan sing diayun-ayun. 16 Kuwi wong-wong sing wis diwènèhké marang Aku saka antarané wong Israèl. Aku milih wong-wong kuwi kanggo Aku. Wong-wong kuwi dadi gantiné kabèh anak pertamané wong Israèl.+
-