-
Kaimaman 5:11, 12Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
11 ”’Nèk ora isa mènèhké manuk derkuku loro utawa dara sing isih enom loro, dhèwèké kudu nggawa sepersepuluh éfa*+ tepung alus dadi persembahan dosa. Tepung kuwi aja dicampur minyak utawa diwènèhi menyan ing ndhuwuré merga kuwi persembahan dosa. 12 Dhèwèké kudu nggawa tepung kuwi marang imam. Imam bakal njupuk tepung alus sak gegem kanggo ngélingké Gusti Allah nèk kabèh kuwi wis diwènèhké dadi persembahan. Terus, kuwi diobong ing mézbah ing ndhuwuré persembahan sing diobong nganggo geni kanggo Yéhuwah. Kuwi sing disebut persembahan dosa.
-
-
Kaimaman 6:25, 26Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
25 ”Kowé kudu mènèhi préntah iki marang Harun lan anak-anaké lanang, ’Iki hukum soal persembahan dosa:+ Kéwan persembahan dosa kudu dibelèh ing ngarepé Yéhuwah ing panggonan mbelèh kéwan persembahan bakaran.+ Kuwi suci banget. 26 Imam sing mènèhké persembahan dosa kuwi kudu mangan bagéan sing dadi jatahé saka persembahan kuwi.+ Kuwi kudu dipangan ing panggonan sing suci, yaiku ing halaman kémah pertemuan.+
-