PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Wilangan 19:18
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 18 Bar kuwi, wong sing ora najis+ kudu njupuk tanduran hisop,*+ nyelupké ing banyu kuwi, terus nyipratké kuwi ing kémah, kabèh wadhah, lan kabèh wong sing ana ing kono. Wong sing ndemèk balung, wong sing dipatèni, mayat, utawa kuburan mau kudu diciprati banyu kuwi.

  • Ibrani 9:9, 10
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 9 Kémah kuwi dadi gambaran kanggo jaman saiki.+ Kuwi nduduhké nèk persembahan lan korban sing diwènèhké+ ora isa nggawé wong sing nindakké tugas suci+ dadi nduwé hati nurani sing resik. 10 Korban lan persembahan kuwi hubungané mung karo panganan, minuman, lan tradhisi kanggo ngresiki badan.+ Kuwi mung hukum-hukum kanggo apa waé sing ana ing donya, lan kuwi ditindakké nganti wektu sing ditentokké kanggo nggawé kabèh dadi luwih apik.

  • Ibrani 9:13, 14
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 13 Imam nggunakké getihé wedhus lan getihé sapi lanang+ enom bèn isa nggawé wong-wong dadi resik. Imam ya nyebar awuné sapi sing durung tau manak ing ndhuwur sirahé wong-wong sing najis bèn wong-wong kuwi dadi resik.+ 14 Nèk korban kéwan kaya ngono waé isa nggawé wong-wong dadi resik, apa manèh getihé Kristus.+ Merga Kristus manut karo tuntunané roh suci sing ana saklawasé, Kristus mènèhké uripé dadi persembahan sing ora ana cacadé kanggo Gusti Allah. Getihé bakal ngresiki hati nuraniné awaké dhéwé saka tumindak sing ora ana gunané,+ bèn awaké dhéwé isa nindakké tugas suci kanggo Gusti Allah sing urip.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim