-
Pangentasan 14:11Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
11 Wong-wong kuwi kandha karo Musa, ”Ngapa kowé ndadak nggawa aku metu saka Mesir?+ Apa ing Mesir ora ana kuburan nganti kowé nggawa aku metu saka Mesir bèn mati ing padhang belantara?
-
-
Pangentasan 17:3Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
3 Tapi wong Israèl ngelak banget lan sambat karo Musa,+ ”Ngapa kowé nggawa aku metu saka tanah Mesir? Apa bèn aku mati merga ngelak? Aku, anak-anakku, lan ternakku mesthi bakal mati.”
-
-
Wilangan 16:13, 14Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
13 Kowé wis nggawa aku lan bangsaku metu saka tanah sing akèh susu lan maduné mung bèn dipatèni ing padhang belantara.+ Apa kanggomu kuwi perkara sing sepélé? Terus saiki kowé ya péngin dadi pemimpinku? 14 Endi tanah sing akèh susu lan maduné+ sing mbok omongké kuwi? Jarému kowé arep mènèhi aku ladhang lan kebon anggur ing tanah kuwi bèn dadi warisanku. Apa kowé mung péngin wong-wong kuwi* ngetutké kowé thok kaya wong wuta?* Aku wegah teka!”
-