PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Wilangan 27:12-14
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 12 Terus Yéhuwah kandha marang Musa, ”Munggaha menyang gunung ing wilayah Abarim+ lan deloken tanah sing arep Tak wènèhké marang wong Israèl.+ 13 Bar ndelok kuwi, kowé bakal mati+ kaya Harun kakangmu,+ 14 merga pas wong Israèl padu karo Aku ing Padhang Belantara Zin, kowé lan Harun nglanggar préntah-Ku lan ora nduduhké nèk Aku iki suci ing ngarepé bangsa Israèl pas Aku mènèhi wong-wong kuwi banyu.+ Kuwi kelakon ing Mata Air Mériba+ ing Kadès,+ ing Padhang Belantara Zin.”+

  • Pangandharing Torèt 1:37
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 37 (Gara-gara kowé, Yéhuwah dadi nesu karo aku lan kandha, ”Kowé ya ora bakal mlebu ing tanah kuwi.+

  • Pangandharing Torèt 3:26
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 26 Ning, Yéhuwah isih nesu karo aku merga kowé,+ lan Dhèwèké ora gelem ngrungokké aku. Yéhuwah malah kandha karo aku, ’Wis cukup! Aja ngomongké iki manèh.

  • Pangandharing Torèt 32:51, 52
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 51 merga kowé karo Harun ora setya marang Aku ing antarané wong Israèl ing Mata Air Mériba+ sing ana ing Kadès, ing padhang belantara Zin, lan merga kowé ora ngajèni Aku ing ngarepé wong Israèl.+ 52 Kowé bakal ndelok tanah kuwi saka kadohan, ning kowé ora bakal mlebu ing tanah sing Tak wènèhké marang wong Israèl.”+

  • Pangandharing Torèt 34:4
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 4 Terus, Yéhuwah kandha karo Musa, ”Kuwi tanah sing Tak janjèkké marang Abraham, Ishak, lan Yakub. Aku kandha karo wong-wong kuwi, ’Aku bakal mènèhké tanah iki+ marang keturunanmu.’* Aku wis ngéntukké kowé ndelok tanah kuwi, ning kowé ora éntuk nyabrang mrana.”+

  • Yosua 1:2
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 2 ”Musa abdi-Ku wis mati.+ Mula saiki kowé lan bangsa iki kudu siap-siap. Nyabranga Kali Yordan lan lungaa menyang tanah sing Tak wènèhké marang wong-wong kuwi, yaiku wong Israèl.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim