-
Yosua 12:4-6Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
4 Wong Israèl ya ngalahké Raja Og+ saka Basyan. Dhèwèké kuwi salah siji wong Réfaim sing isih urip+ lan manggon ing Astarot lan Édréi. 5 Dhèwèké nguwasani Gunung Hèrmon, Saléka, lan kabèh dhaérah Basyan+ nganti tekan batas dhaérahé wong Gésyur lan wong Maakat,+ lan setengahé Giléad nganti tekan wilayahé Raja Sihon saka Hésbon.+
6 Musa abdiné Yéhuwah karo bangsa Israèl ngalahké raja-raja kuwi.+ Sakwisé kuwi, Musa abdiné Yéhuwah mènèhké dhaérahé raja-raja kuwi marang suku Rubèn, suku Gad, lan setengahé suku Manasyé.+
-