-
Wilangan 22:16, 17Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
16 Wong-wong kuwi nemoni Biléam lan kandha, ”Iki pesené Balak anaké Zipor, ’Tulung mrénéa, aja nganti ana sing ngalang-alangi kowé, 17 merga aku bakal mènèhi kowé kehormatan sing gedhé. Apa waé sing mbok jaluk bakal tak turuti. Mula, tulung mrénéa lan kutukana bangsa kuwi.’”
-
-
Wilangan 24:10, 11Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
10 Balak dadi nesu banget marang Biléam. Karo nesu, dhèwèké keplok-keplok lan kandha, ”Kowé tak kongkon mréné bèn ngutuki mungsuhku,+ ning kok kowé malah mberkahi wong-wong kuwi nganti ping telu. 11 Saiki kowé muliha. Sakjané aku arep mènèhi kowé kehormatan gedhé,+ ning Yéhuwah marahi kowé ora sida éntuk kuwi.”
-