-
Pangentasan 22:20Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
20 ”Sapa waé sing mènèhké persembahan marang allah-allah liyané sakliyané Yéhuwah kudu dipatèni.+
-
-
Pangentasan 32:25Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
25 Musa ndelok nèk wong-wong kuwi dadi ora isa diatur merga Harun ora nyegah wong-wong kuwi. Tumindaké wong-wong kuwi nggawé isin wong-wong kuwi dhéwé ing ngarepé mungsuhé.
-
-
Pangentasan 32:27Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
27 Musa ngomong karo wong-wong kuwi, ”Iki sing diomongké Yéhuwah Gusti Allahé Israèl, ’Jupuken pedhangmu, lan kowé kudu mlaku ing perkémahan, saka gerbang ing gerbang liyané, kanggo matèni sedulur-sedulurmu, tanggamu, lan kanca akrabmu.’”+
-
-
Pangandharing Torèt 13:6-9Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
6 ”Nèk kakangmu, adhimu, anakmu lanang, anakmu wédok, bojomu sing mbok sayangi, utawa kanca akrabmu meneng-meneng ngejak kowé nyembah allah-allah liya,+ yaiku allah-allah sing ora mbok kenal lan ora dikenal karo nènèk moyangmu, 7 allahé bangsa-bangsa sing ana ing sekitarmu, embuh kuwi sing cedhak utawa sing adoh, sing ana ing kabèh wilayah ing tanah iki, 8 aja gelem dipengaruhi wong kuwi lan aja ngrungokké dhèwèké.+ Aja mbok mesakké, lan aja mbok lindhungi. 9 Ning, wong kuwi kudu mbok patèni.+ Kowé kudu dadi sing pertama mbandhemi* wong kuwi, lagi sing liyané mèlu mbandhemi.+
-